Kunci Jawaban

Berikut Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 8 SMP Halaman 142-147: Ulangan Akhir Semester Genap

Pada soal kali ini, siswa/siswi akan mengerjakan tugas Ulangan Akhir Semester Genap.

|
Penulis: Anabel Lerrick CC | Editor: Teddy Malaka
Tribunnews.com
Berikut Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 8 SMP Halaman 142-147: Ulangan Akhir Semester Genap 

BANGKAPOS.COM - Simak kunci jawaban Bahasa Jawa kelas 8 SMP halaman 142-147.

Pada soal kali ini, siswa/siswi akan mengerjakan tugas Ulangan Akhir Semester Genap.

Tugas ini memuat soal evaluasi selama semester genap.

Siswa/siswi diharapkan untuk mengerjakan soal secara mandiri sebelum terlebih dahulu.

Ulangan Akhir Semester Genap
A. Pilihen wangsulan sing bener!
1. ... Yen ditulis nganggo aksara Latin ....
a. Ani Kadarwati seneng nembang.
b. Kanida Prihantini seneng nembang Macapat Gambuh.
c. Nanik Priyanti wasis banget nembang Gambuh.
d. Gank Priyanti pinter banget nembangake tembang Gambuh.

Jawaban: C

2. Tembang macapat iku kaiket ing paugeran ....
a. guru gatra, guru basa, guru lagu
b. guru gatra, guru wilangan, guru lagu
c. guru swara, guru basa, guru sastra
d. guru swara, guru lagu, guru wilangan

Jawaban: B

3. Sutrisna menyang Banjarmasin. Yen ditulis nganggo aksara Jawa miturut tatanane panganggone aksara murda ....
a. (aksara Jawa)
b. (aksara Jawa)
c. (aksara Jawa)
d. (aksara Jawa)

Jawaban: B

4. Aksara swara iku ana ing panulisan nganggo aksara Jawa gunane kanggo ....
a. nulis tembung kang asale saka basa Manca sing pangucape perlu dicethakake
b. nulis jenenge wong, papan panggonan lan paraga kang banget diurmati.
c. nulis tembung kang asli tembung Jawa sing ngemu swasana angker.
d. nulis tembang kang ngandhut ajaran agama sarta budi luhur sing bisa dadi patuladhan ing madyaning bebrayan.

Jawaban: A

5. ... Yen ditulis nganggo aksara Latin ....
a. Layang saka Samiyati.
b. Eyang Samiyati lagi sare.
c. Layange Sosro nang mejane Edi.
d. Eyang Sawitri ndukani lare.

Jawaban: B

6. Elisabet pancen bocah pinter. Yen ditulis nganggo aksara Jawa ....
a. (aksara Jawa)
b. (aksara Jawa)
c. (aksara Jawa)
d. (aksara Jawa)

Jawaban: C

7. Parjana dolan saben rebo legi. Panulisane jawa sing trep yaiku ....
a. (aksara Jawa)
b. (aksara Jawa)
c. (aksara Jawa)
d. (aksara Jawa)

Jawaban: C

8. Amarga ana sing ngarani (aksara Jawa) lan (aksara Jawa) kagolong aksara swara, mulane cacahe aksara swara dadi ana ....
a. telu
b. lima
c. enem
d. pitu

Jawaban: D

9. Ing jaman demokrasi iki aksara murda kena kanggo nulis kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang tata-caraning uripe kaya manungsa, kayata raseksa, wanara lan sapanunggalane kang kasebut ing carita padhalangan lan liya-liyane, katulis nganggo aksara murda, semono uga jenenge panggonan. Menawa aksara kan ngarep dhewe ora ana murdane tembung mau ....
a. Ora perlu ditulis nganggo aksara murda
b. Ditulis nganggo aksara swara
c. Diwenehi aksara rekan
d. Sing ditulis nganggo aksara murda burine, yen burine ora ana murdane, ya burine maneh ngono sateruse

Jawaban: D

10. ... Yen ditulis nganggo aksara Latin ....
a. Warti seneng nganggo barang impor.
b. Tarmi mulih saka India.
c. Warsih seneng bocah saka India.
d. Tarmidi seneng barang impor saka India.

Jawaban:B

11. Sing kalebu layang elektronik ....
a. layang paturan
b. layang iber-iber
c. layang dhawuh
d. email

Jawaban: D

12. "Surabaya, 28 Oktober 2014" petikan layang kasebut kalebu perangan ....
a. adangiyah
b. peprenah
c. papan lan titimangsa
d. bebuka

Jawaban: C

13. Perangan layang kiriman bisa kaperang dadi ....
a. 5
b. 6.
c. 7
d. 8

Jawaban: D

14. Ing ngisor iki gunane basa krama ing pasrawungan kajaba ....
a. Kanggo cecaturan antarane wong enom marang wong tuwa.
b. Kanggo cecaturan kanca karo kanca raket.
c. Kanggo cecaturan antarane abdi marang bendarane.
d. kanggo cecaturan ibu marang bapak.

Jawaban: B

15. ... Aksara kasebut yen ditulis Latin ....
a. Bapa tindak Surabaya nitih kreta.
b. Bapak tindhak Surabaya nitih kreta.
c. Bapak tindak Surabaya nitihi kreta.
d. Bapak tindak kreta nitih kreta.

Jawaban:A

16. Layang sing isine ngabarake kabar kesripahan diarani layang ....
a. layang lelayu
b. layang pribadi
c. layang dhawuh
d. layang paturan

Jawaban: A

17. Prenahe sesambungan antarane sing ngirim surat lan sing dikirimi surat mapan ing perangan ....
a. bebuka
b. surasa basa
c. adangiyah
d. peprenah

Jawaban: D

18. "Minggu wae mengko bukuku takjupuke dhewe". Ukara kasebut diarani ukara ....
a. andharan
b. pitakon
c. sananta
d. pakon

Jawaban:C

19. Pakdhe nulis surat kanggo dhik Rina. Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama ....
a. Pakdhe nyerat layang kagem dhik Rina.
b. Pakdhe nyerat surat kagem dhik Rina.
c. Pakdhe nulis layang kagem dhik Rina.
d. Pakdhe nyerati layang kangge dhik Rina.

Jawaban: B

20. Perangane layang sing isine aweh pawarta kabar keslametan diarani ....
a. adangiyah
b. surasa basa
c. bebuka
d. titi mangsa

Jawaban: C

21. Salah sijine tembang macapat yaiku ....
a. megatruh
b. wirangrong
c. balabak
d. jurudemung

Jawaban: A

22. Budi pakerti kuwi samubarang tumindak utawa laku kang linandhesan ....
a. ilmu
b. nalar utawa pikiran
c. akal
d. insting

Jawaban:B

23. Sanepaning "jongkat siti panggaraping sabin" kuwi ....
a. arit
b. pacul
c. garu
d. sekop

Jawaban: C

24. Watake tembang macapat Dhandhanggula yaiku ....
a. guyon, parikan
b. sedhih, getun
c. gandhes, luwes, wasis
d. nesu

Jawaban: C

25. "Pamintaku nimas sida asih" pethikan tembang Asmaradana kasebut, guru wilangan lan guru lagune ....
a. 10 h
b. 10 i
c. 9 a
d. 9 i

Jawaban: B

26. "Nuhoni trah utama" tembang sagatra iki guru wilangan lan guru lagune ....
a. 8 a
b. 7 a
c. 8 u
d. 9 a

Jawaban: B

27. Lamun saru trus binekta

Iki jeneng nistha kang tanpa upami

Ukara ing dhuwur mujudake pitutur becik kang mengku karep ....
a. Yen watak ala bakal cilaka.
b. Yen tumindak ala kuwi terus digawa. Kuwi jeneng wong kang uripe nistha.
c. Yen tumindak nistha bakal nemu cilaka.
d. Beja lan cilaka kuwi sandhangane urip.

Jawaban: B

28. Ukara kang bener ing ngisor yaiku ....
a. Watak cendhala budi siya ing kono wayuning sirna.
b. Watak cendhala budi siya mujudake laku kang utama.
c. Watak satriya bumi adigang adigung adiguna.
d. Watak adigang adigung adiguna lan watak kang utama.

Jawaban: A

29. Babaring nalar pambudining manungsa kang alus angremit ora gampang ginrayang ing netra walaka, diarani ....
a. tepa palupi
b. budi pakerti
c. kapinteran
d. kaluwihan

Jawaban: B

30. Basa rinengga, uga diarani ....
a. basa endah
b. basa kang direka
c. paramasastra
d. titibasa

Jawaban: A

B.Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Apa wae ancase nulis iklan?

Jawaban:

Ngunggahake barang utawa jasane wong utawa lembaga.

2. Gawea tuladha ukara carita nganggo basa krama 5 wae!

Jawaban:

1) Amarga papan wisata mbukak gratis, akeh wong sing teka preian sawise rong taun pandemi.

2) Amarga ora ana guru, pelajaran diisi acar gratis sing dipimpin ketua kelas.

3) Amarga udan deres, pasar dadi lendhut lan wong-wong padha wegah teka mrana.

4) Amarga bal pecah, bocah-bocah ora dolanan lan mulih luwih awal.

5) Amarga tugase durung rampung, bocah mau didukani ngresiki jendela kelas sawise sekolah.

3. Gawea tuladha ukara sananta 5 wae!

Jawaban:

1) Kula benjing ndherek nyipeng watawis seminggu.

2) Buku iki arep daksumbangke marang anak yatim.

3) Timbang nganggur, tak sinau nulis layang kiriman.

4) Klambimu sing reged dakumbahe pisan dhi.

5) Sesok awan aku arep sinau klompok ing omahe Nisa.

4. Gawea tuladha bebukaning layang ngganggo basa krama sing becik!

Jawaban:

Sugeng enjang Bapak/Ibu ingkang kinurmatan.

Keparenga kula ngandharaken kanthi langsung perkawis-perkawis pokok ingkang gegayutan kaliyan keterlambatan pembangunan sekolah ing Kabupaten Ponorogo, Jawa Timur.

5. Apa bedane panganggone aksara murda lan aksara swara ing panulisan aksara Jawa?

Jawaban:

Aksara murda iku satemene ora ana. Wondene kang lumrahe diarani aksara murda, utawa kang dianggep minangka aksara murda iku sejatine aksara Mahaprana, yaiku aksara kang pancene kudu diucapake kanthi abab akeh; kosok baline aksara Alpaprana, yaiku aksara kang kudu diucapake lumrah (kanthi abab sathithik).

Aksara swara iku arane aksara vokal sajrone panulisan aksara Jawa. Aksara swara iku sejatine mung ana lima, yaiku a, i, e, o, u. Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan swara.


(Bangkapos.com/Tribunnews.com/Enggar Kusuma)

Sumber: Tribunnews
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved