Banyolan MUKIDI Ini Bikin 'Ngekek' Heboh di Dunia Maya

Cerita lucu MUKIDI menjadi santapan laris bagi pejabat, pengusaha, pegawai kantor, pekerja, sales, sopir truk, dan siapa pun pengguna ponsel atau ...

NET
TERTAWA 

Sopir, "Lho kenopo, to?".

Kernet, "Mau mboke nitipke, yen tekan Jombang bocahe tulung kandanono".

Sopir, "Wah, lha piye kowe kui. Jombang wes kliwat adoh", Jawab sopire, bingung.

Tujune sopire apikan, gelem balik nang Jombang. Sak wise njaluk persetujuan karo penumpang liyane, mergo mesakke karo si Dul. Sak wise bis tekan Jombang, Mukidi digugah.

Kernet, "Lee ...tangi lee. Wes tekan Jombang, ki", karo nggoyang goyang awakke

Mukidi njenggirat, "Wes tekan Jombang lik?", Karo grusa grusu4 mbukak kantong, ngetokke sangune; sego sambel, lawuhe iwak asin.

Kernet takon, "Arep mudhun kene lee..?""

Ora Lik..... wong aku arep nang Suroboyo. Mau simbokku pesen, sangune mengko dipangan nek wis tekan Jombang wae yo lee", jawab Mukidi karo muluk sego.

Kernet, sopir, lan kabeh penumpang muni bareng: "WEDHUUUSS tenan cah iki. tiwase mbaliiik!

MUKIDI NGICIPI TELEK PITIK
Ono klinik ditulisi, sopo ae sing berobat gak waras, duwite dibalekno sampek 5 kali lipat.

Saben dino klinik iku rame terus gara2 slogane menjanjikan, tapi yo ngono, saben berobat nang kono, pasienne mesti waras, durung tau ono pasien sing komplain, gara2 gak waras.

Weruh ngono Mukidi iseng2 pingin berobat mrono, pengin ngetes ben klinike gak iso nangani, terus duwite iso mbalik 5 kali lipat.

Deweke ngarang penyakit sing kiro2 aneh, sing wong durung tau krungu.

Mukidi : "dok, aku iki kok duwe penyakit aneh yo?"

Dokter : "Penyakit opo cak?"

Mukidi : "Iki loh bib, aku ben mangan, cangkemku kok gak kroso opo2. Pedes, asin, legi, gak kroso blas"

Dokter : "Owalah, iki ngono penyakit gampang diwarasno. Mei Lin, tulung jupukno obat nomer 7"

Dokter : "Iki cak, obate sampeyan ombe saiki. Ono perubahan opo gak?"

Mukidi pura2 gak kroso opo2, ben duwit'e iso mbalik.....,

Bareng diombe, Mukidi langsung misuh2..... keceplosan :

"Jangkriiikkkkk..., iki ngono dudu obat dok, tapi telek pitik??''

Dr : "Wah, berarti kon wis waras, cangkemmu wis iso ngrasakno telek pitik barang"

Akhire Mukidi mulih ambek ngroweng gak mari2.

Minggu ngarepe, Mukidi iseng2 meneh, pingin berobat nang klinik maneh.

Mukidi: "dok, aku duwe penyakit aneh"

Dr : "Opo iku?"

Mukidi : "Ngene dok. Aku akhir2 iki kok gampang lalian. Jek tas 5 menit ngomong, wis lali sing diomongno''

Dr : "Walah...gampang iku."

Mukidi merinding gak karuan.

Dr : "Mei Lin, tulung jupukno obat nomer 7"

Mukidi : "dok ojok guyon, aku emoh nek obat nomer 7"

Dr : "Loh opo'o?"

Mukidi (spontan) : "Iku dudu obat, tapi telek pitik"

Dr : "Lah iku kon eling, Berarti penyakitmu wis waras!!!"

Mukidi : "Wis dok, gak sudi aku......., gak katene berobat meneh.

Mosok saben nang kene disuguhi telek pitik !!".

Diaaannggggkriiikkkk

Sumber: Tribun Jateng
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved